Cerkak

Senin, 25 April 2011

Grojogan Dadi Rukunan

SMA Bintang Raya yaiku salah sijine sekolah swata tekenal ing Jogjakarta, murid-mudid sing sekolah nang SMA Bintang Raya udu bocah sembrangan. Akeh-akehe anake wong-wong tersohor ing Jakarta, uga bocahe pinter-pinter. Ana sijining murid, bocahe ndugal nanging bocah mau anake wong paling penting nang SMA Bintang Raya. Bocah mau duwe grombolan sing terkenal diwedeni nang SMA. Rama jenenge bocah ndugal mau. Sak ndugal-ndugale Rama, deweke uga kalebu bocah sing berprestasi. Dadi ora gumun yen akeh bocah wadon sing seneng karo Rama.
Dina kui Sari duwe kangsen karo Tina, oncone sak kelas. Sari, bocah wadon uga sekolah ing SMA Bintang Raya. Sari lair saka keluarga sederhana, deweke bisa sekolah ing SMA Bintang Raya oleh beasiswa saka sekolah, merga bocah mau duweni prestasi sing luwih tinimbang kanca-kancane. Sari nggenjot pite kanti alon lan ngati-ati, samba nyanyi-nyanyi turut dalan. Teka-teka Sari dikagetke saka ngerep ana mobil ngebut. Ora sengaja mobil mau nyrempet pite Sari. Sari ora trima, banjur njupuk watu ning cerake dibandemke mobil mau. Ngenani kaca buri mobil. Sing duwe mobil kaget, ngerim mobile, banjur metu saka mobil. Jebul sing gawa mobil mau Rama.
“Sapa sing wani bandem mobilku ngasi kacaku pecah ngene?” Omonge Rama karo muring-muring dewe.
“Aku… Ngapa kowe ora trima?” Semaure Sari, sing teka-teka wis ana nang burine Rama.
“Sapa kowe, teka-teka bandem mobilku? Nngerti ora iki mobil larang?” Takone Rama karo nyentak.
“Arep mobil larang, mobil murah, mobil colongan sisan. Kui urusanmu, udu urusanku. Sing jelas aku yo ora trima. Emang iki dalane simbahmu apa? Gowo mobil ora nganggo aturan.” Sari murung karo Rama.
“Terus apa urusane kari kowe, muring-muring ra jelas ora ana sebabe. Kudune aku sing muring-muring karo kowe. Wis mecahke kaca mobilku.” Semaure Rama.
“Sajake kowe ki dong ora e? wis nyrempet pitku ngasi ban e dadie kaya ngana. Pitku siji-sijine meneh. Malah ura ngrumangsani nek wis ngrugekke uwong.” Sari ijeh muring-muring.
“Mung pit murahan ae dironutke. Regane pit mou luwih murah ketimbang rega kaca mobilku. Wis aku ana ueusan sing luwih penting ketimbang ngurusi uwong kayak kowe.” Rama banjur mlebu mobil, lunga tanpa ngom apa-apa meneh.
“Dasar wong ora tanggungjawab. Ngrusakke pit e uwong ora gelem ganti rugi meneh.” Sari karo bengak-bengok.
Karo rasa jengkel lan mangkel, Sari nuntun pit tkan omah e Tina. Sari tekan omah e Tina wis keri dewe. Sing biyasane mangkat gasik, saiki kalah karo liyane. Kanca-kancane nggumun Sari ora kaya biyasane. Teka nuntun pit karo muring-muring ora jelas. Tina banjur tekon karo Sari. Sari cerita kabeh sing dialami nang dalan mau. Ketemu wong lanang sing ora bertanggungjawab. Rampung cerita, kanca-kancane Sari malah nggeguyu Sari. Sari digarapi entek-entekan karo knca-kancane. Sri tambah mangkel, kancane lagi bar kesusahan malah digarapi entek-entekan. Bocah-bocah sing pada kumpul mau banjur geguyan bebarengan.
Esuke pas wis ganti dina, nang sekolahan Sari ijeh wae digarapi karo kanca-kancane. Nanging Sari uwis ora patek ngeh, ora digubris karo Sari omongane kanca-kancane. Krungu bel mlebu sekolah muni, Pak Sawal nggawa bocah wadon ayu rupane. Bocah kui murid anyar sing tau dicritakke karo Pak Sawal. Pak Sawal banjur akon bocah mau ngenalke deweke nang ngarep kelas.
“Sugeng enjang, name kula Erna, kula pindahan saking Bandung. Mugi-mugi kula saged srawung sae kalih sampeyan sadaya.” Pitutur’e bocah mau sopan.
Pak Sawal akon Erna lungguh nang sanding very. Erna banjur kenalan karo Sari, Rani, Tina, Very, lan Ambar. Erna bocah sing prigel gampang akrab karo kahanan sing ijeh anyar kanggo deweke. Erna langsung akrab karo Sari lan liyane. Rombongane Sari tambah siji. Bubar sekolah, Erna ngangseni kanca-kanca anyare arep diajak dolan, ben tambah akrab meneh. Sari lan liyane gelem-gelem wae.
Minggu esuk, Sari uwis nggenjot pedal pit e. Arep nang omah e Tina. Dengaren Sari gelem melu dolan karo kanca-kancane. Biyasane nek preinan dina minggu, bocah kui mending milih nang ngomah sinau pelajaran sing dinggo senen. Sari tekan omah e Tina sipik dewe, omah e Tina karo Sari ora kacek adoh. Dadi ora gumun nek Sari mesti tekan sipik dewe disbanding kanca liyane. Ora sue Rani, Ambar karo Very tekan omah e Tina. Cah 5 banjur lunga nang Tama Sari. Erna ora melu ngumpul nang omah e Tina amarga urung genah omah e Tina. Dadi Erna langsung nunggu nang Taman Sari. Sak tekane nang Taman Sari bocah 5 mau uwis ditunggu Erna nang cerak loket.
Pas lagek seneng-senenge geguyon nang kana. Teka-teka Rani kaget weruh ana rombongan e Rama. Sing agek pada dolan nang kana. Luwih kaget meneh Sari, weruh wong lanang sing ora tanggungjawab uwis nyrempet pit e. Sari cerita, yen bocah kae sing tau diceritakake nyrempet pit e Sari. Kanca-kancane Sari pada nggumun. Mosok Sari ora genah nek Rama kakak kelas sing paling diwedeni row murid liyane. Sari pancen tau krungu ceritane Rama, tapi deweke during tau ngerti sing jenenge Rama jebule sing nyrempet pit e Sari. Erna sing rumangsa kenal cerak karo Rama banjur ngajak kanca-kancane nyerak. Sing ana malah Rama karo Sari ribut meneh, gara-gara kedaden srempetan kae. Katimbang tambah rame, Tina ngajak Sari lunga saka kana. Rani, Veri lan liyane uga ngetutke Tina karo Sari. Ambar takon karo Erna kok Erna iso kenal karo Rama akrab meneh. Erna banjur cerita nek Rama kui anake kancane bapake Erna. Tina sing ijeh nenangke Sari, banjur ngajak bali, ndak suasanane tambah panas.
Esuke Sari, Erna, Tina, Veri, lan Ambar sekolah kaya biyasane. Nanging Sari ijeh mangkel nek kelingan, wong lanang sing nyrempet deweke jebulna kakak kelase dewe. Pelajarane Bu Sumarni, Bu Marni ngenei pengumuman. SMA Bintang Raya arep melu lomba Penelitian topik sing diangkat bebas. Saben sekolah ngirimke sakelompok, saben kelompok ana wong 2 lanang wadon. Bocah wadon sing dipilih iyo kui Sari. Rampung pelajarane Bu Mari, Sari dikon ngadep nang ruangane Bu Marni karo arep ngenalke sing arep sak kelompok karo sari. Sari kaget sing ditunjuk jebulna Rama. Uwong sing uwis gawe mangkel Sari. Rama karo Sari pada-pada ora setuju neg pasangane karo kui. Sari uwis kadung mangkel karo Rama. Rama uga eo ngon.
“Gelem ora gelem kowe wong loro kudu gelem. Iki dingo jeneng sekolah, aja pada ngedu egone dewe-dewe. Coba ajara dadi bocah sing rasis.” Amanate Bu Marni.
Kepeksane Sari karo Rama bali nang kelase dewe-dewe karo rasa ora puas. Tekan kelas Sari crita karo knca-kancane. Yen sing dadi kanca sak kelompkke lomba Rama. Konco-koncone setengan ora percaya. Ambar sing ngefans karo Rama meri karo Sari.
“Arep pie meneh, karo Bu Marni uwis ra iso ganti liyane.” Glendenge Sari.
“Yo.. Rapapa itung-itung mbathi. Hhhee.” Saure Veri.
Nang bedo papan, Rama ngglendeng karo kanca-kancane. Rama uga ora sarujuk karo keputusanne Bu Murni.
“Asem..kowe genah ora? Mosok au didadekke sak kelompok karo bocah kae.” Omonge Rama.
“Sapa emange bos?” takone David.
“Kae bocah sing ketemu nang Taman Sari. Jebul kae adik kelase awak dewa ta.” Semaure Rama.
“Sapa? Sari po bos. Wah bejo nek ngono. Bocahe lak ayu ta bos, sapa ngerti iso cinlok.hhee.” Guyone Rendi.
“Cinlok gundulmu bocah kae udu levele Rama, ho’o ra bos.” Sauté David. “akh..mah omonganmu do nglantur.” Rama semaur karo lunga. Bali sekolah, Sari ora langsung bali. Bocah mau mampir nang taman kota. Golek inspirasi dingo garap lomba sing wis meh cerak wektune. Ora sengaja Sari ketu Rama nag kana. Pethukan bukane tekonan malah pada meneng-mengengan. Rama marani bocah cilik sing lagi ngosak asik sampah, golek panganan sing ijeh iso dipangan. Sari ora sengaja weruh, Rama ngenei panganan bocah mau. Cah cilik mau ngguyaguy samba mangan roti sing diweki karo Rama. Sari kaget weruh Rama, wong sing angkuhe kaya ngana, jebulna ijeh duweni rasa asih. “Aku ora nyangka kowe, Rama sing diwedeni karo bocah-bocah nang sekolah. Iso ngenei panganan dingo bocah kui.” Sari teka-teka merak sembari ngom. “Kuwi udu urusanmu!” Saure Rama ketus. Banjur lunga nginggal’e Sari karo bocah cilik mau. Sari ijeh kepikiran, karo tingkahe Rama. Setengah ora percaya yen uwong sing didelok mau Rama. Lebar kedaden nang taman, Sari dadi kerep mikire Rama. Uwong sing ora tau iso dijedik isining atine bocah kae. Nang sekolahan Rama karo Sari, dipanggil karo Bu Marni. Ditakoni uwis nemu bahan sing arep diteliti apa durung. Rama mung meneng wae. Sari usul yen bakal neliti masalah bocah gelandangan sing gaweane ngamen, row mulung nang pinggir dalan. Dijaluki pendapat Rama tetep meneng. Bu Marni wis kebacut setuju karo usule Sari. Gelem ra gelem Rama kudu melu setuju. Rama karo Sari banjur metu saka ruangane Bu Marni. ”Kapan arep mulai neliti?” Takone Sari. Rama mung meneng ae ora semaur. Sari nyoba nahan emosi, ngadepi wong angkuh kaya Rama. “Ditekoni malah mung meneng wae.” Omonge Sari. “Engko bali sekolah ketemu nang Taman Kota.” Saure Rama, banjur lunga ninggale Sari dewekan. Setengah nggumun, tapi ora patika dipikir karo Sari. Sari banjur nang kelas. Bel rampung sekolah wis muni. Sari gage bali, tekan ngomah salin. Ora sempet madang, banjur menyang nang taman. Sari ora nemu sapa-sapa nang kana. Sing ana uwong pada dolan nang taman. Blas Rama ora ketok. Sari wis mulai ragu, ora yakin neg Rama cen serius arep garap laporan. Sari lungguh nang bangku taman karo maca buku, sapa ngerti isa oleh inspirasi. “Lek uwis ayo malu aku.” Teka-teka Rama nyeret tangane Sari. Sari kaget, kapan Rama tekan kana. Ora ngom apa-apa, Sari manut wa karo Rama arep diajak nangendi. Rama ngajak Sari nang omah singgah pinggir kota. Akeh cah cilik sing mlayu merak, marani Sari karo Rama. “Mas Rama, ndede gawa dolanan ora?” takone salah siji bocah kae. “Rudi, jupuken barang-barang nang bagasiku.” Rama nyelukke salah siji bocah sing lagi lungguh. “Maksudmu ngajak aku ndene apa?” takone Sari. Rama ora semaur. Deweke malah banjur lunga ndolani cah cilik sing pada nggeret Rama. Rudi bocah sing dikon njupuk barang nang bagasi, nggowo barang mlebu nang omah kardus. Kanti cekatan anggone nglebokke barang-barang. “Mbak, pacare mas Rama nggih?” takone Rudi. “Akh.. udu le tek kepie?” saure Sari. “Tak kira pacare mas Rama, gek pisan iki mas Rama ndene ngejak wong wedok.” Terange Rudi. ”Emang mas Rama kerep ndene le? Ngapa wae?” takone Sari. “Meh pendak dina mas Rama ndene mbak. Gawake aku karo adik-adikku kae panganan.” Omonge Rudi. “Rudi, adik-adikmu ajaken dolan!” Rama mbengok. “Eenggih mas.” Saure Rudi. Rama banjur merak marani Sari. Rama cerita kabeh tentang uripe bocah-bocah sing manggon nang omah singgah iki. “Aku ra nyangka wong kaya kowe. Ijeh duwe rasa kemanusiaan.” Pitutur e Sari. “Aku ora rep ngomong akeh. Neg kowe cen niat arep gawe penelitian tentang bocah dalan. Iki wis ana subjek mung gari diteliti.” Saure Rama. Bali saka omah singgah Sari diterke karo Rama bali. Sak tekane ngomah, Sari ijeh ngerasa ora percaya. Rasa jengkele Sari marang Rama saiki berubah dadi rasa kagume Sari marang Rama.


#cerpenbasajawa #jawacerpen

Tidak ada komentar: