Para putra kang kinasih
Delengen kabudayan kita
Kabudayan kang meh sirna
Apa kowe ora rumangsa
Duweni kabudayan kang adi luhung?
Endahing swaraning gendhing
Larasing langgam jawa
Resep rumesep jroning ati
Prayogane kita, para putra
Tansah nguri-uri
Warisan leluhur kita
Kabudayan kang edi peni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar